Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa, Taat Ilahi Sepenuh Hati

1 Mei 2022, 10:00 WIB
Ilustrasi khutbah Jumat keutamaan memperbanyak membaca Al-Quran /Pexels/pixabay

Jurnal Makassar – Khutbah Idul Fitri berbahasa Jawa ini berjudul Taat Ilahi Sepenuh Hati.

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

الله أكبر 3xالله أكبر 3xالله أكبر 3x

Baca Juga: 12 Pantun Hari Raya Idul Fitri 1443 H Cocok di Share ke Sosmed atau Status WhatsApp

اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً. لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ هُوَ اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الْعَزِيْزِ الْقَهَّارِ ، نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَسْتَهْدِيْهِ ، وَ نُؤْمِنُ بِهِ وَ نَتَوَكَّلُ عَلَيْهِ ، وَ نَشْكُرُهُ وَ لاَ نَكْفُرُهُ ، وَ نَخْلَعُ وَ نَتْرُكُ مَنْ يَفْجُرُهُ.

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ ، وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ.

لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، اَلْمُتَوَحِّدُ فِي الْجَلاَلِ وَالْكَمَالِ ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ،

يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ ، فَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ ، وَ اتَّقُوْا اللهَ يَا عِبَادَ اللهِ.

Allahu Akbar (3x) wa lillahi al-hamd

Alhamdulillah, sedaya pamuji lan pangalembana konjuk dhumateng Allah SWT, Pangeran Semesta Alam. Panjenenganipun Ingkang Maha Ageng. Panjenenganipun Ingkang Maha Perkasa. Lan Panjenenganipun Ingkang Maha Kuwaos. Ingkang kekuasaanipun tanpa tinandhingan déning manungsa, sinten kémawon. Panjenenganipun Allah, panguwaos sejati langit lan bumi. Ingkang hanggesangaken lan hamejahaken. Ingkang nglapangaken sarto ngrupegaken makhluk ing alam niki.

Shalawat dalasan salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan alam, Rasulullah Muhammad SAW. priyagung ingkang paling minulya, ingkang sampun ngasto margi pepadhang tumrap sedaya manungsa ngantos akhir zaman.

Allahu Akbar (3x) wa lillahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Alhamdulillah, sanajan taksih mapan ing kawontenan pandemi, kita sampun kasil rampung nglampahi siyam Ramadhan sewulan natas. Kedahipun kita ing dinten menika suka parisuka, makempal sesarengan brayat ageng, tiyang sepah lan sanak kadang, ngraketaken lan nyambung tali silaturahim. Ananging, wabah Corona ingkang boten jelas juntrungipun, handadosaken kita sedaya boten saged lelungan dateng sadhéngah papan panggénan.

Kita namung saged nyaruwé dhumateng tiyang sepah, keluarga, lan sanak sedhèrèk namung lumantaran télpon genggam. Sapérangan namung saged ndedonga, sapérangan malih namung saged nètèsaken luh, muwun, karana boten saged pinanggih malih kaliyan sinten-sinten ingkang sampun késah pepisahan salaminipun .

Sejatosipun namung tiyang-tiyang ingkang yakin, ingkang saged mendhet pelajaran. Éba ringkihipun manungsa. Namung kaliyan makhluk Allah ingkang tan kasat mripat, virus Corona, manungsa sajagad tanpa daya. Lajeng menapa ingkang pantes kito sombongaken? Lajeng mawi dhasar menapa manungsa wantun lancang hanolak, mengsahi, lan hangriminalisasi syariahipun Sang Pangripta alam raya?

Kapirsani, kaum ‘Ad ingkang asikap sombong lan manganggep tan wonten ingkang langkung kiyat saking piyambakipun, kanthi hangingkari ayat ayatipun Allah SWT. sedaya tundhonipun dipun binasakaken mawi azabipun Allah ingkang dahsyat sanget. Allah SWT. paring firman:

فَأَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوا فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَقَالُوا مَنْ أَشَدُّ مِنَّا قُوَّةً ۖ أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَهُمْ هُوَ أَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۖ وَكَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ ﴿١٥﴾ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيحًا صَرْصَرًا فِي أَيَّامٍ نَحِسَاتٍ لِنُذِيقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَخْزَىٰ ۖ وَهُمْ لَا يُنْصَرُونَ ﴿١٦﴾

Wong ‘Ad padha gumedhé ana bumi padha nglakoni ora bener. Pangucapé: “Sapata kang gagah proakosané ngungkuli aku?” Dhèwèké ora padha handeleng yèn Allah kang gawé awaké mesthi Allah gagah prakosané ngungkuli tikel akèh, wong ‘Ad mau bakal ora olèh pitulung.”

Wong ‘Ad banjur Ingsun tempuh ing angin kang adhem hanjekut, ing dina kang sangar supaya nicipana siksa kang ngrèmèhaké ana ing donya. Déné siksané bésuk ing akhérat luwih abot manèh bakal ora olèh pitulungan sapa-sapa.” (QS Fushshilat [41]: 15-16).

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Ing dinten menika kita mahargya kemenangan. Awit saking daya sembada lan krenteg pikajengan kita kuwawi ngawonaken hawa nafsu. Ninggalaken perkawis-perkawis ingkang sejatosipun dipun halalaken ing wekdal siang. Tan wantun mokah menawi dèrèng wekdalipun, karana ngrumaos dipun awasi déning Dzat Ingkang Maha Mangawasi. Pramila, hakikat Idul Fitri kados ingkang sampun dipun aturaken déning Imam Ali radhiyallahu ‘anhu:

لَيْسَ العِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ الجَدِيْدَ، وإنَّما العِيْدُ لِمَنْ أمِنَ الوَعِيدَ

لَيسَ العيدُ لِمَنْ لَبِسَ الجَدِيْدَ؛ إنما العيدُ لِمَنْ طَاعَاتُه تَزِيدُ

لَيْسَ العِيدُ لِمَن تَجَمَّلَ بِاللِبَاسِ والرُكُوبِ؛ إنما العِيْدُ لِمَنْ غُفِرَتْ لَهُ الذُنوبُ.

(لطائف المعارف 277)

Idul Fitri dudu tumrap wong kang nganggo klambi anyar, ananging hakikat Idul Fitri iku tumrap wong kang aman saka ancaman (neraka).

Idul Fitri dudu tumrap wong kang nganggo klambi anyar, ananging hakikat Idul Fitri iku tumrap wong kang nambah ketaatané.

Idul Fitri dudu tumrap wong kang apik busana lan kendharaané, ananging hakikat Idul Fitri iku tumrap wongkang diampuni dosa-dosané.

 

Allahu Akbar (3x) wa lillahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Manungsa ingkang bebas saking ancaman neraka, ketaatanipun badhé nambah, lan dipun ampuni dosa-dosanipun, namung tumrap tiyang tiyang ingkang taqwa. Langkung saking menika, sedayanipun dipun sediani surga. Allah SWT. sampun paring firman:

وَسَارِعُوا إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ ﴿١٣٣﴾

“Lan sira padha gegancangana nyuwun pangapura saka Pngeranira lan suwarga kang jembaré madhani ambané langit lan bumi dicawisaké marang wong kang bekti ing Allah” (QS Ali Imran, 3: 133)

Kados ingkang sampun kita wuningani sareng sareng, siyam Ramadhan saged nglairaken pribadhi-pribadhi ingkang taqwa. Allah SWT. sampun paring firman:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ ﴿١٨٣﴾

“Hé wong-wong kang mukmin. Sora kabèh diwajibaké pasa, kaya para umat sadurungira. Supaya sira kabèh padha taqwa marang Allah.” (QS. Al-Baqarah, 2: 183)

Tembung “taqwa” asalipun saking tembung “waqâ”, ingkang tegesipun hanglindhungi. Maknanipun hanglingdhungi diri saking murka lan azab Allah SWT. Wujudipun kanthi nindakaken dhawuhipun Allah SWT. lan ngedohi sedaya laranganipun. Ingkang halal dipun tindakaken, ingkang haram dipun tinggalaken, ing sedaya aspèk panggesangan.

Imam Ibnu Jarir ath-Thabari, rikala manafsiraken QS al-Baqarah ayat 2, kanthi mangutip sawetawis pratélan babagan hakikat tiyang-tiyang ingkang taqwa, Al-Hasan, contonipun, mratélakaken, “wong-wong kang taqwa yaiku sapa waé kang wedi marang perkara apa waé kang Allah haramaké tumrap dhèwèké lan nglaksanakaké apa waé kawajiban kang Allah tinitahaké marang dhèwèké.”

Kanthi makaten, tiyang ingkang taqwa tan wonten raos kawratan sakedhik kéwala dhumateng aturan Allah, lan keputusan Rasulullah SAW. Jumbuh kaliyan firmanipun:

فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ حَتَّىٰ يُحَكِّمُوكَ فِيمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوا فِي أَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوا تَسْلِيمًا ﴿٦٥﴾

“Demi Pangéranira, wong kang padha rumangsa percaya marang Qur’an mau durung tetep mukminé, kajaba yen banjur nyuwun bebeneran marang sira Muhammad, tumrap perkara kang dadi pasulayan antarané wong mau (sawisé sira ngukumi). Atiné ora pisan-pisan seseg marang bebenerira, anané mung pasrah marang putusanira, tumeka ing atiné” (QS An-Nisa, 4: 65).

Allahu Akbar (3x) wa lillahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Minangka manungsa ingkang nembé lulus saking medan Ramadhan, tan pantes menawi kita ngrèmèhaken menapa malih nyingkiraken Al Qur’an. Maos al-Quran minangka ibadah ingkang dipun dhawuhaken lan pikantuk ganjaran ingkang ageng. Nanging boten cekap maos lan ngapalaken, Al-Quran ugi kedah dipun pahami lan dipun amalaken. Ampun ngantos al-Quran dipun waos lan dipun lombakaken, nanging boten dipun amalaken menapa malih dipun trapaken. Dipun sakralaken, nanging hukum-hukumipun dipun telantaraken. Fisik ipun dipun jagi saking pemalsuan, ananging kandunganipun boten kajagi saking penyimpangan. Dipun klaim minangka pedoman, ananging faktanipun dipun tolak minangka kanggé sumber hukum ingkang mangatur panggesanging manungsa. Ingkang langkung mrihatosaken malih, Al-Qur’an ingkang minulya malah kaanggep déning negari minangka hukum négatif ingkang kedah dipun singkiraken. Ironisipun, ingkang dipun anggep minangka hukum positif inggih menika hukum damelanipun manungsa lan tinggalanipun negari kafir penjajah.

Pramila, ngatos-atos! kados ingkang dipun ngendikakaken déning Anas bin Malik ingkang katulis déning Imam al-Ghazali ing kitab Al Mursyidul Amin, kaca 65:

رُبَّ قَارِئٍ لِلْقُرْآنِ وَاْلقُرْآنُ يَلْعَنُهُ

Kathah tiyang maos Al-Qur’an ananging Al-Qur’an piyambak malah paring laknat.

Awit menapa? Karana piyambakipun ngrèmèhaken Al-Qur’an. Menapa malih piyambakipun kala wau minangka para panguwasa ingkang dipun paringi kasempatan samukawisipun kanggé nglaksanakaken sedaya isi Al-Qur’an, karana gadah kekuasaan.

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Tanpa gegondélan ingkang bakoh dhumateng Al-Qur’an, negari dados mobrak mabrik. Niki karana hawanafsu ingkang dipun rumiyinaken. Ketaatan dhumateng Allah lan Rasulipun dipun kantunaken. Ampun gumun, menawi Islam malah dipun tudhuh minangka sumber perpecahan, ancaman persatuan, lan inspirasi radikalisme sarta èkstremisme.

Makaten niki kezaliman ingkang cetha ing ngajeng pandeleng kita. Ingkang leres kaanggep salah, ingkang salah malah disubya-subya. Ingkang gadhah panguwasa tumindak nuruti kepénakipun piyambak. Ingkang ringkih dipun idak-idak kados sampah tanpa guna. Ical raos kasih sayang. Ingkang thukul namung nafsu kekuasaan.

Lugunipun, Islam menika ya’lu wala yu’la alaih, inggil lan tan wonten ingkang ngungkuli malih. Dipun turunaken déning Dzat Ingkang Maha Minulya. Lumantaran malaikat ingkang paling minulya, Jibril alaihissalam. Dhumateng manungsa ingkang paling minulya, Rasulullah Muhammad SAW. Kadospundi nalaripun Islam saged nyebabaken kerusakan? Kehancuran? Keterbelakangan?

Malah mawi Islam, umat Islam badhé dados umat paling saé, khairu ummah. Islam kanthi sistemipun, khilafah, badhé ngangkat derajat manungsa saking kezaliman, keterpurukan, keterbelakangan, ketertindasan tumuju dateng peradaban agung ingkang dipun ridhai Allah SWT.

Pramila, Idul Fitri niki kedah dados momentum kita sedaya kanggé ngadani pangéwahan. Dados manungsa énggal, kadidéné kupu-kupu ingkang indah mempesona, ingkang nembé rampung ngliwati wekdal kepompong sadanguné Ramadhan. Taat dhumateng Allah lan Rasulipun kanthi totalitas, tanpa wates.

Pungkasanipun, mangga sami gegandhèngan asta, kakencengaken ukhuwah lan kasingkirna prabédan furu’iyyah. Kaperjuangaken syariah, lan kategakaken paugering gesang lelandesan Al- Qur’an lan Sunnah. Gesang minulya kanthi Islam. Sumangga dipuné seruan saking Allah SWT:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَجِيبُوا لِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ إِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيكُمْ

“Hé para wong mukmin kabèh,menawa Allah lan Rasulé dhawuh nindakaké préntahing Agama kang nguripi sira, banjur padha sendikanana....” (QS Al Anfâl, 8: 24)

Mugi-mugi Allah SWT paring pitulung dhumateng kita. Nampi siyam kita. Hangabulaken sedaya doa-doa kita. Sarta mapanaken kita sedaya ing nglebet jannahipun. Aamiin

Khutbah ke-2

اللهُ اَكْبَرْ ، اللهُ اَكْبَرْ ، اللهُ اَكْبَرْ

للهُ اَكْبَرْ ، اللهُ اَكْبَرْ ، اللهُ اَكْبَرْ ، اللهُ اَكْبَرْ

اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ، اللهُ اَكْبَرْ وَ ِللهِ اْلحَمْدُ

اْلحَمْدُ للهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثيرًا

اَمَّا بَعْدُ

فَيَا مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكُمُ الله، أُوصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللهَ فَقْدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ

Sumangga kita pungkasi khutbah angka kalih lan rerangkeyan shalat Ied menika kanthi sesarengan ndedonga dhumateng Allah SWT.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَ عَلَى خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ الْمَهْدِيِّيْنَ، وَ أَصْحَابِهِ الْكِرَامِ أَجْمَعِيْنَ، وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِمْ وَطَرِيْقَتِهِمْ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا، وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ، اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ، وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ آمَنُوا، رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيمٌ.

Ya Allah, mugi Panjenengan kersa paring apunten dhumateng dosa-dosa kula sedaya, menawi taksih asring nuruti hawa nafsu lan nglanggar aturan Panjenengan. Namung dhumateng Panjenengan,

kula sedaya nyuwun pengampunan lan pitulungan . Ya Allah, yektos kula sedaya boten pantes dados penghuni surga Panjenengan, ananging ugi ajrih kaliyan siksa neraka Panjenengan.

Ya Allah, mugi kadadosna kula sedaya minangka hamba-hamba Panjenengan ingkang Panjenengan tresnani. Mugi kadadosna manah kula sedaya tundhuk dhumateng Panjenengan kanthi gumeleng. Ampun kaslimuraken manah kula sedaya kanggé cekp manembah dhumateng Panjenengan kémawon. Ya Allah, mugi kaslametna kula sedaya saking wabah menikai. Mugi kaslametna para sedhèrèk kula sedaya ing sadhéngah negeri. Muga kadadosna kula sedaya minangka hamba-hamba Panjenengan ingkang sabar kanggé ngadhepi lan ridha dhumateng qadha’Panjenengan.

Ya Allah, mugi kakuwatna iman kula sedaya. Kakuwatna semangat kula sedaya kanggé merjuangaken tegakipun agami Panjenengan ing bumi mriki. Sarto mugi Panjenengan biyantu, kanthi pambiyantu kadidéné pambiyantu Panjenengan dhumateng umat-umat ingkang sampun, ingkang tundhuk lan thaat dhumateng Panjenengan.

Ya Allah, namung dhumateng Panjenengan kula sedaya mangrantu, tanpa daya lan kekiyathanyan kajawi saking pitulungan Panjenengan.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً، وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً، يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ بَصِّرْنَا بِدِيْنِكَ، وَوَفِّقْنَا لِاتِّبَاعِ سُنَّةِ نَبِيِّكَ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ، وَأَعِذْنَا مِنَ الْفِتَنِ كُلِّهَا، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ إِنَّكَ أَنْتَ السَمِيْعُ الْعَلِيْم .

اَلَّلهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَ أَصْلِحْ لَناَ دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.

اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَنَا وَ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ وَ قَتَلَ اْلمُؤْمِنِيْنَ، يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

3xو لله الحمد. الله أكبر

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.***

Editor: Aan Ariska Febriansyah

Sumber: Seruan Masjid

Tags

Terkini

Terpopuler