Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa, Taat Ilahi Sepenuh Hati

- 1 Mei 2022, 10:00 WIB
Ilustrasi khutbah Jumat keutamaan memperbanyak membaca Al-Quran
Ilustrasi khutbah Jumat keutamaan memperbanyak membaca Al-Quran /Pexels/pixabay

Alhamdulillah, sedaya pamuji lan pangalembana konjuk dhumateng Allah SWT, Pangeran Semesta Alam. Panjenenganipun Ingkang Maha Ageng. Panjenenganipun Ingkang Maha Perkasa. Lan Panjenenganipun Ingkang Maha Kuwaos. Ingkang kekuasaanipun tanpa tinandhingan déning manungsa, sinten kémawon. Panjenenganipun Allah, panguwaos sejati langit lan bumi. Ingkang hanggesangaken lan hamejahaken. Ingkang nglapangaken sarto ngrupegaken makhluk ing alam niki.

Shalawat dalasan salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan alam, Rasulullah Muhammad SAW. priyagung ingkang paling minulya, ingkang sampun ngasto margi pepadhang tumrap sedaya manungsa ngantos akhir zaman.

Allahu Akbar (3x) wa lillahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Alhamdulillah, sanajan taksih mapan ing kawontenan pandemi, kita sampun kasil rampung nglampahi siyam Ramadhan sewulan natas. Kedahipun kita ing dinten menika suka parisuka, makempal sesarengan brayat ageng, tiyang sepah lan sanak kadang, ngraketaken lan nyambung tali silaturahim. Ananging, wabah Corona ingkang boten jelas juntrungipun, handadosaken kita sedaya boten saged lelungan dateng sadhéngah papan panggénan.

Kita namung saged nyaruwé dhumateng tiyang sepah, keluarga, lan sanak sedhèrèk namung lumantaran télpon genggam. Sapérangan namung saged ndedonga, sapérangan malih namung saged nètèsaken luh, muwun, karana boten saged pinanggih malih kaliyan sinten-sinten ingkang sampun késah pepisahan salaminipun .

Sejatosipun namung tiyang-tiyang ingkang yakin, ingkang saged mendhet pelajaran. Éba ringkihipun manungsa. Namung kaliyan makhluk Allah ingkang tan kasat mripat, virus Corona, manungsa sajagad tanpa daya. Lajeng menapa ingkang pantes kito sombongaken? Lajeng mawi dhasar menapa manungsa wantun lancang hanolak, mengsahi, lan hangriminalisasi syariahipun Sang Pangripta alam raya?

Kapirsani, kaum ‘Ad ingkang asikap sombong lan manganggep tan wonten ingkang langkung kiyat saking piyambakipun, kanthi hangingkari ayat ayatipun Allah SWT. sedaya tundhonipun dipun binasakaken mawi azabipun Allah ingkang dahsyat sanget. Allah SWT. paring firman:

فَأَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوا فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَقَالُوا مَنْ أَشَدُّ مِنَّا قُوَّةً ۖ أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَهُمْ هُوَ أَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۖ وَكَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ ﴿١٥﴾ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيحًا صَرْصَرًا فِي أَيَّامٍ نَحِسَاتٍ لِنُذِيقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَخْزَىٰ ۖ وَهُمْ لَا يُنْصَرُونَ ﴿١٦﴾

Wong ‘Ad padha gumedhé ana bumi padha nglakoni ora bener. Pangucapé: “Sapata kang gagah proakosané ngungkuli aku?” Dhèwèké ora padha handeleng yèn Allah kang gawé awaké mesthi Allah gagah prakosané ngungkuli tikel akèh, wong ‘Ad mau bakal ora olèh pitulung.”

Wong ‘Ad banjur Ingsun tempuh ing angin kang adhem hanjekut, ing dina kang sangar supaya nicipana siksa kang ngrèmèhaké ana ing donya. Déné siksané bésuk ing akhérat luwih abot manèh bakal ora olèh pitulungan sapa-sapa.” (QS Fushshilat [41]: 15-16).

Halaman:

Editor: Aan Ariska Febriansyah

Sumber: Seruan Masjid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah