Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa, Taat Ilahi Sepenuh Hati

- 1 Mei 2022, 10:00 WIB
Ilustrasi khutbah Jumat keutamaan memperbanyak membaca Al-Quran
Ilustrasi khutbah Jumat keutamaan memperbanyak membaca Al-Quran /Pexels/pixabay

فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ حَتَّىٰ يُحَكِّمُوكَ فِيمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوا فِي أَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوا تَسْلِيمًا ﴿٦٥﴾

“Demi Pangéranira, wong kang padha rumangsa percaya marang Qur’an mau durung tetep mukminé, kajaba yen banjur nyuwun bebeneran marang sira Muhammad, tumrap perkara kang dadi pasulayan antarané wong mau (sawisé sira ngukumi). Atiné ora pisan-pisan seseg marang bebenerira, anané mung pasrah marang putusanira, tumeka ing atiné” (QS An-Nisa, 4: 65).

Allahu Akbar (3x) wa lillahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Minangka manungsa ingkang nembé lulus saking medan Ramadhan, tan pantes menawi kita ngrèmèhaken menapa malih nyingkiraken Al Qur’an. Maos al-Quran minangka ibadah ingkang dipun dhawuhaken lan pikantuk ganjaran ingkang ageng. Nanging boten cekap maos lan ngapalaken, Al-Quran ugi kedah dipun pahami lan dipun amalaken. Ampun ngantos al-Quran dipun waos lan dipun lombakaken, nanging boten dipun amalaken menapa malih dipun trapaken. Dipun sakralaken, nanging hukum-hukumipun dipun telantaraken. Fisik ipun dipun jagi saking pemalsuan, ananging kandunganipun boten kajagi saking penyimpangan. Dipun klaim minangka pedoman, ananging faktanipun dipun tolak minangka kanggé sumber hukum ingkang mangatur panggesanging manungsa. Ingkang langkung mrihatosaken malih, Al-Qur’an ingkang minulya malah kaanggep déning negari minangka hukum négatif ingkang kedah dipun singkiraken. Ironisipun, ingkang dipun anggep minangka hukum positif inggih menika hukum damelanipun manungsa lan tinggalanipun negari kafir penjajah.

Pramila, ngatos-atos! kados ingkang dipun ngendikakaken déning Anas bin Malik ingkang katulis déning Imam al-Ghazali ing kitab Al Mursyidul Amin, kaca 65:

رُبَّ قَارِئٍ لِلْقُرْآنِ وَاْلقُرْآنُ يَلْعَنُهُ

Kathah tiyang maos Al-Qur’an ananging Al-Qur’an piyambak malah paring laknat.

Awit menapa? Karana piyambakipun ngrèmèhaken Al-Qur’an. Menapa malih piyambakipun kala wau minangka para panguwasa ingkang dipun paringi kasempatan samukawisipun kanggé nglaksanakaken sedaya isi Al-Qur’an, karana gadah kekuasaan.

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Tanpa gegondélan ingkang bakoh dhumateng Al-Qur’an, negari dados mobrak mabrik. Niki karana hawanafsu ingkang dipun rumiyinaken. Ketaatan dhumateng Allah lan Rasulipun dipun kantunaken. Ampun gumun, menawi Islam malah dipun tudhuh minangka sumber perpecahan, ancaman persatuan, lan inspirasi radikalisme sarta èkstremisme.

Halaman:

Editor: Aan Ariska Febriansyah

Sumber: Seruan Masjid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah